Rabu, 06 Agustus 2014

Cerita Pendek Bahasa Osing #Memengan Nyang Sawahan

Cerita ini hasil karangan saya pribadi atas nama A. Langgeng Prayogo untuk bahan lomba mengarang cerita pendek berbahasa osing tahun 2013 yang lalu di Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kota Banyuwangi dalam rangka peluncuran novel Nawi BKL Inah yang diterjemahkan dalam beberapa bahasa. Pada saat itu saya mendapatkan juara terbaik ke 3 katergori SLTA mewakili SMKN 1 Glagah Banyuwangi. Naskah ini masih asli dan belum direfisi oleh editor dan penerbit. Cerpen ini bisa dilihat di buku cerpen berbahasa osing "Kembang Ronce" yang sudah bisa dibeli di toko-toko buku.

Perhatian : Dilarang keras mengcopy, memperbanyak atau menerbitkan tanpa seijin penerbit buku Kembang Ronce dan editor Bapak Antariksawan Jusuf https://www.facebook.com/antariksawan.jusuf?fref=photo dan Ibu Hani Z. Noor https://www.facebook.com/hani.z.noor.5.
Naskah ini dilindungi Undang-Undang Hak Cipta




Memengan Nyang Sawahan


            Isuk-isuk Enang wes nyekel pacul arep mlaku nyang sawah, kopine yowes entek diombe. Nganggo capil lan sangu kukusan sabrang Enang pamitan ring Edhon.
“Nai, hun nak melaku sulung.. Ngko tututono kadung mari pelakon wenih..”
“Iyoroweh Kang.. Marine poco pirang tempah..?”
“Wes pelakono satus tempah ulung..”
“Iyowes Kang.. Ngko mampiro nyang umahe Aji San ulung wekasno reng kang wadon kon kumpulan ring umahe Pak Lurah mari bedug..”
            Ambi kesate, Enang mlaku nyang sawahe kang ethek engkas ditanduri. Ono abene Edhone gelothakan ring pawon, Angga tangi.
“Dhon ?
“Eh, tangi wes..
“Enang  ndai ?
“Enang buru baen mlaku nyang sawah.. Apuwo seh ?
“Riko engko nututai ?
“Iyo nggko..
“Lek milu ya dhon.. ambi mbok Mira ?
“Iyorowes… Aduso sulung aju sarapono..

            Pumpung perehian, Angga lan emboke arep milu mengan nyang sawah. Sak gaduge ring sawahan, Angga marani enange hang mageh ngeluk boyok ring nduwure paglak ring tengahe galengan. Lare cilik kang seru senenge dung mengan ning sawah iku langsung munggah ring paglak hang duwure mek sak uwite kelopo iku. Gadug nduwuran Lek Angga mapan lungguh ring pareke angklung nyang enange. Enange hang maune kesel, alum kerono putune teko nguweni kesenengan. Angklung paglak muni ring tengahe sawah ngancani uwong-uwong hang ono ring kono. Sawah hang semono jembare maune sepi, dadi ono unine gending kang nyirat ati.
“Kang Pikai, mandego roh olong… madango…
“Iyo.. ayo lek, madang olong… muduno.. dhon iro nggowo iwak petek ko….
“Emong.. iko ben olong.. lek mari madang wes..
            Edhon, Enang, lan Mira mangan ono ring ngisor wet nongko pinggire kalen. Mulo ati keroso tentrem ngrungokno abene angklung ambi diseler angin. Mari madang, enang keroso wareg lan nerusaken nyigkal sawahe. Katek capil tani duwene edhone, Angga guyon lang emboke mlayu-mlayu ring galengane sawah.
“Dek, ayo golet walang ambi duduk.. ngko diopor…
“Ayok… ambi Cak Iyung ngko ning umah ngopore, diendoni kecap koyo bengen…
“Kono ngameto pulut ulung.. Dhon kon ngametaken…
“Ndi semate..?
“Kek,.. ulung dijuwut blarake…
            Kadung ring sawah lare loro iku mulo seru demene kadung nggolet duduk lan walang. Ngko kadung ulie wes akeh digowo moleh diopor ring umahe.
“Mbok, kek pulute..
“Ayo golet mpareke Dam, sawahe Man Tahyat iko yah… ngkono akeh polahe…
“Iyoroweh ayok..
“Lek, byeng, ojo kari adoh.. ngkota roh kesambet yah.. ojo kari suwi ntinggal moleh iroh.. Wuruke Edhone ning putu-putune.
“Iyo dhon.. nggolet nsawae man Tahyat.. lore Dam.. Saure Angga nyang dhone.
            Nyekel semat hang diendoni pulut ring pucuke, Angga mulut duduk ring empange santen ambi edeng-edeng. Mboke Mira nggowo tepis, dingo nggebrosi walang ring pinggire kedokan. Kerono duduk hang digayoh adoh, Sikile Angga kebelandur lan kecemplung ring kedokan hang buru mari dilebi. Mira ketheng-ketheng weruh adike kecemplung ring pinggire sawah, geblesan lan kebek endhut Angga nangis. Edhone kaget runggu abene putune berak-berak nangis.
“Apuwo lek, siro kapak byeng ?
“Moso ngkapak-kapak dhon, wong keceplung dewek..
“Yo moggo roh degeno tah.. wes uwes, menengo.. ngko kodoke diideg..
            Keroso gathel mergo mari kebelandur, Angga adus nyang emboke ring Dam. Ditunggoni endhone nginang ring buk pingire gerojogan. Cekikikan lare loro muko sirat-siratan banyu ring kedung. Banyu hang maune kening salin getuh mergo dingo silepan lare loro iki. Rodo suwi Mira mentas kecindilen, tapi osing Angga mageh baen ceburan ring kedung.
            Seng keroso adem blas, Angga nerusaken golet iwak ring pinggire banyu. Doyo iwake iwak wader cilik-cilik. Masiho cilik pikire Angga keneng dinggo opor-oporan ngko soren ring umah. Sak uwen-uwen ngenteni edhone nyang Mira kesirep ring buke Dam hang werone sak lencak. Sampek soren Angga sing mari-mari golet iwak takar edhone tangi.
“Eh, durung mentas-mentas lare iki yah, wes mentaso.. ngkotah roh diseblaki nang iro yah..! gancangono ayo mulih.. ebrege Edhon ring Angga.
            Serngenge wes surup ring nduwure Gunung Sriwulung, wayah wong moleh megawe. Koyo Enang hang wes raup-raup lan salen telesan dinggo mulih. Angga, Mira, Edhon lan Enang mulih bareng ambi uwong-uwong hang buru mari tandur ring sawahe Man Tahyat. Ambi nggesahaken putune hang nggelidig Edhon monyek-monyek ndeleng lagak’e Angga hang seru nggawe guyu. Emboke dijak gerak jalan ring galengan sampek kesrimped.
“Wes, tah riko yoh.. Putunisun iki seng koyo bapake.. nggelidige masaalah.. Omonge dhon ring kanca-kancane.
“Yo marine kelendi maning riko Bek Anai, putunisun sing gedigu tah.. podo dhene wes.. Saure salah siji koncone mulih..
            Sak gaduge ring umah, Angga lan Mira sing katek paran-paran langsung nggowo ulihe golet duduk mau ring umahe Iyung hang let sak umah teko ngumahe. Jujuk umahe Iyung, kebeneran Cak Iyung ono ring umahe enak nggawe kempis.
“Eh,..! tanggo sopo… kelendai ?
“Oporno iki po cak..
“Iyorowes kene..
            Walang, duduk, ambi wader ulihe golet mau dikunduki terus diopor katek telempek ring arep umahe cak Iyung. Mira bagiane ngecapi, Angga bagianae nutupi telempik makne genine seng mati. Seru senenge kadung mangan bakaran iwak ambi duduk walang hang dikecapi. Mulo dino iki dino hang seneng jare Angga. Mergo biso milu Enange mengan ring Sawahe. Karepe minggu ngkesuk iki arep milu maning. Angga kepengen nulungi tandur ring sawahan.


Leren…



Entenono kisah terusane...
 
Perhatian : Dilarang keras mengcopy, memperbanyak atau menerbitkan tanpa seijin penerbit buku Kembang Ronce dan editor Bapak Antariksawan Jusuf https://www.facebook.com/antariksawan.jusuf?fref=photo dan Ibu Hani Z. Noorhttps://www.facebook.com/hani.z.noor.5.
Naskah ini dilindungi Undang-Undang Hak Cipta

1 komentar: