Rabu, 06 Agustus 2014

Cerita Pendek Bahasa Osing #Legenda Seblang Uli-ulian "Olehsari"

Cerita ini hasil karangan saya pribadi atas nama A. Langgeng Prayogo untuk bahan lomba mengarang cerita pendek berbahasa osing tahun 2014 bulan April yang lalu di Dinas Kebudayaan dan Pariwisata Kota Banyuwangi. Naskah ini masih asli dan belum direfisi oleh editor dan penerbit.

Perhatian : Dilarang keras mengcopy, memperbanyak atau menerbitkan tanpa seijin penerbit buku Kembang Ronce dan editor Bapak Antariksawan Jusuf https://www.facebook.com/antariksawan.jusuf?fref=photo dan Ibu Hani Z. Noor https://www.facebook.com/hani.z.noor.5.
Naskah ini dilindungi Undang-Undang Hak Cipta


Sun Dadekaken Siro Seblang

            Srenggenge surup ring kulon Gunung Sriwulung, tondo dino wes ngarepaken bengi. Wong-wong tani runtang-runtung mulih teko ring sawahe. Suworo andzan mangkat dilantunaken ring Langgar Langgar Deso Kemiren. Petenge bengi nyerungkub deso lereng Idjen iku.
            Suworo tangis kerungu ring antarane gedheg umah-umah tikel hang dempet-dempetan. Semi anake Mak Midhah nangis singono tambane. Mak Midhah bingung seng ketulungan golek tombo dingo menenganken anake hang nangis mau.
Cep byeng.. wes menengo.. anak isun wes menengo.. ojo nangis, kelantur-lantur, bangur turuo…
            Bengi melebu dalu, sayub-sayub mocoan lontar yusuf ring Sanggar kerungu ring kuping. Derese banyu blabur ngerameaken kampung hang sintru iku. Mulo Semi seng gelem meneng mergo loro ring awake. Mboh lara paran lare iku, sampek entek awake.
            Mak Midhah diteraken tonggone nyang  Kenjo golek dukun hang biso nambani Semi. Tapi yo seng gelem waras. Wes pirang-pirang dukun diparani, tapi sengono uwahe wong lara, tetep baen Semi seng gelem waras.
Wes byeng.. lara paran endane siro iki yo seng gelem waras..? Duh Gusti.. Isun wes seng weruh maning arep mlaku nyang endai.. Yoro tulungen anak isun iki Gusti...
Ambi nangis mak Midhah nggindong lare umur sepuluh tahun uku ring arep umahe..
            Dudu’ Semi bain hang lara dewek. Akeh tonggone Semi hang larane podo, malah wes akeh hang singono umur.  Wong sak deso podo bingung ring penyakit hang gelis nulare iku. Ono salah siji dukun weruh ring arane penyekit iku.
Penyakit iku arane pageblug dulur.. Riko kabeh ojo turu dewekan ring penggawangan. Turuo ring lemah ajaken anak riko pisan..
            Sakat ono unen-unen gedigu wong-uwong sengono hang wani turu dewek ring umahe. Kadung arepe turu pating nggelar keloso ring bale utowo jerumahe dewek-dewek.
            Mak Midhah nggowo Semi ring umahe Pak Lurah kerono wedi turu dewekan ring umahe. Tengah wengi Semi nangis sak anter-antere. Motone mendelik bareng ambi awake hang keter-keter koyo wong kejiman. Uwong-uwong podo tangi kabeh. Mak Midhah bengung lan gemeteran.
Duh Gusti, apuwo ndane anak isun iki yoh ?  Kari seng mari-mari larane…
Byeng.. rungokeno Emak ya byeng.. Kadhung sira waras, sun dhadekaken Seblang, kadhung sing yo sing..
 Mak Midhah ngucap janji kadung anake waras arep didadhekaken seblang.
            Rungu abene mak’e ngomong gedigu, rodo suwi Semi meneng terus turu ring gindonane mak’e. Ambi di iyong-iyong, Semi di tembangaken gending-gending kuno. Mugi biso ngilangaken larane awake Semi.
            Subuh, gedhogan pari muni ono ring pawon-pawon Umyah Osing. Wong melaku ring Langgar yowes podo jujug. Mak Midhah ngedusi Semi ring sumur mburi umahe, seng koyo biasane Semi meneng dung didusi. Awake Semi yo seng kari panas koyo mambengi. Semi waras teko larane. Podo ring janjine, Mak Midhah arep ndadhekaken Semi Seblang.
            Kisuke poro dalang lan sesepuh deso kumpul ring Umyah Adhat kanggo ngonokaken ritual seblang mau. Sedurunge mangkat podo selametan ring petilasan Buyut Cili ring sawah deso Uli-ulian. Mari digu kabeh uwong podo kumpul ring umahe Mak Midhah talae Seblang-seblangan arep mangkat diarak mideri deso. Ambi nganggo omprog teko pupuse gedhang sobo hang nduwure dipasangi koco cilik ambi kembang setaman, Semi diarak ring dalan-dalan deso hang magih lemah iku. Pas tekan ujung deso diadzani seng lali pisan didongani makne desone diparingi aman lan sebele ilang.
            Semi, lare hang mageh umur sepuluh tahun mau katon ayu koyo tah Dewi Sri. Nganggo sarung gajah oling, dikembeni lan diomprogi, Semi ditekepi motone ring emak’e hang ono ring mburine ambi nyekel nyiru. Mbah dukun moco jampi-jampi ambi nyekel pangasepan. Cicire nyiru teko ring tangane Semi, iku tondo Semi wes kejiman lan ritual Seblang dikawiti. Semi njuget ono ring tut-tutane dukune, diterusaken ring nduwure mejo kuno ring arepe Umyah Adhat. Tabuhane kendang, kempul, saron, gong lan biola, ditembangi tembang krimping sawi hang ngenes ati.
            Sakat dino iku, Kuasane Allah uwong kampung podo diparingi seger kabeh. Mulo iku, Seblang terus dinggo nyelameti bersih deso ring Kemiren tiap tahune. Saiki Semi hang wes dadi perawan ayu duwe karep yoiku dadi Gandrung hang sakat bengen dimainaken ambi wong lanang hang dipacak’i ayu.
“Mak,  isun  arep  njaluk  idjin riko… isun arep dadi gandrung  wadhon…”
“Ulih  byeng..  wes  lakonono  hang  dadi  karepe  atiniro… Mugi siro terus dijangkungi hang Moho Kuoso.. Emak mung biso mujekeno…”
            Sakat Semi dadi gandrung, kanca-koncone wadhon podo milu ajar tari gandrung. Sakat iku pisan era gandrung lanang dipungkasi, kerono Agomo Islam yo seng nguliaken lanang didendeni koyo wadhon.
            ***
            Saben tahun saiki Seblang dionokaken ring Kemiren kanggo bersih deso. Gadug ring keturunane Seblang hang telakhir ring Kemiren yoiku Sapuah, ono wong tuwek lanang hang kearan Mbah Tompo tuku sakperangkat kesenian Barong teko Mbah Sukip hang umahe ring Deso Dandang Wiring (Penganjuran). Jare Mbah Tompo mari ditekani Wong Ngganteng ring impene hang dikongkon Buyut Cili kon nggawe endase Barong lan pelakon gamelan.
            Seng suwi sakat Mbah Tompo duwe kesenian Barong, Sapuah hang magih dadi seblang moro-moro kejiman ring umahe. Seng ono wong weruh apuwo Sapuah moro-moro kejiman kerono seng ono hang njampi-njampi. Sapuah ngomong ring dukun hang arep nambani yane katek besek-besek. Njaluk gok Seblang iku dienyang ring kidule deso Kemiren wangune yo deso Uli-ulian (Olehsari).
”Rika saiki wis ngedegaken Barong. Mula iku, Seblang isun elih nyang Uli-ulian. Kadine mulai saiki, Seblang aja maning dionokakenken ring Kemiren, mergo uwong bisa lara kabeh. Lan sebalike, aja ana Barong ditanggap ring Uli-ulian, mergo uwong bisa mati kabeh....!!”
            Ngerti gok hang ngomong iku duduk awake Sapuah, dukun lan sesepuh deso nuruti kongkonan mau. Seblang dielih ring Uli-ulian dititipaken ring Buyut Deso Uli-ulian. Seblang hang maune asale teko ring Deso Kemiren saiki duwene wong Uli-ulian, wong loro kampung mau wes janjian sengoleh jugil seng nurut janjine.
            Artine, tahun ngarep dung wayahe bersih deso, ring Kemiren sengono maning Seblang. Tapi ngango Barong hang di’ideraken keliling deso hang diarani Barong Ider Bumi, tepak ring lebaran rong dino. Gedigu pisan ambi Seblang dijugetaken ring deso Uli-ulian pitung dino mari lebaran.
            Seblang mulo ayu. Kesenian sakral teko Telatah Osing hang dadi cikal bakele kesenian Gandrung lan Barong Ider Bumi Deso Kemiren. Kudu lare perawan hang mulo aseli keturunan Seblang kawitan ”Semi” hang ngelakoni. Mugo ojo ono lunture lare osing njogo seni budayane embah buyute..


Leren

Seblang Olehsari Photo








Perhatian : Dilarang keras mengcopy, memperbanyak atau menerbitkan tanpa seijin penerbit buku Kembang Ronce dan editor Bapak Antariksawan Jusuf https://www.facebook.com/antariksawan.jusuf?fref=photo dan Ibu Hani Z. Noor https://www.facebook.com/hani.z.noor.5.
Naskah ini dilindungi Undang-Undang Hak Cipta

Tidak ada komentar:

Posting Komentar